Dewan Perwakilan Daerah

Dewan Perwakilan Laladan (dicekak DPD) iku lembaga tinggi nagara sajeroning sistem ketatanagaraan Indonésia kang anggotané minangka perwakilan saka saben provinsi kang dipilih liwat Pilihan umum.

DPD duwé fungsi:

  • Ngajokaké usul, mèlu mbahas lan mènèhi pertimbangan kang magepokan karo babagan legislasi tinamtu
  • Pengawasan tumrap pelaksanaan Undhang-Undhang tinamtu.

Anggota DPD saka saben provinsi ana 4. Dadi gunggung anggota DPD wektu iki ana 128. Mangsa kalungguhan anggota DPD ya iku 5 taun, lan mungkasi bebarengan wektu para anggota DPD kang anyar ngucapaké sumpah/janji.


© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search